MISTERI OMAH KOSONG
Ing
sawijining desa Kecamatan Batu Agung ana desa sing di jenengi Desa Angker. Di
jenengi Desa Angker amarga ing salah siji omah ing desa kuwi ana sing angker.
Akeh wong neng desa kuwi lan wong desa tetangga sing liwat omah kosong mau
mesthi di weruhi demit utawa medhi sing manggoni omah kosong mau. Omah kuwi
angker amarga ora ana sing manggoni maning. Omah mau perek karo omahe Yodi. Tapi
anehe Yodi sing omahe perek karo omah angker mau ora pernah di weruhi apa-apa neng omah kosong kuwi. Yodi duwe
batir 7 arane Rasya, Angga, Imei, Rena, Rizki, Nita karo Amel sing penasaran
kambi misteri omah kosong mau.
Ing
sawijining dina Yodi karo batir-batire lagi neng sekolah lagi pada kumpul
mangan jajan neng kantin mburi sekolah. Amarga kantin mburi sekolah perek kambi
omah kosong sing angker kuwi, Yodi kaget banget amarga weruh lawang mburi ing
omah kosong sing angker kuwi kebukak lan neng jero omah kosong kuwi bersih
banget. Kewalikane karo neng jabane omah kosong kuwi. Saking kagete Yodi weruh
kejadian kuwi, Yodi sing lagi mangan sega goreng banjur keselek lan
watuk-watukan.
“Yodi,
ko kepiwe Di?” takone Rasya karo Riski bareng-bareng.
“
Nyong we..eerr….ruuu…hh..Uhuk..uhuk..”
“
Nginum disit Di nginum.” sarane Angga.
“
Ya Di kiyeh di inum disit.” jare Nita kambi aweh banyu segelas. Imei, Rena, lan
Amel uga merek lan melu ngrubung Yodi.
“
Ana apa jane Di?” takone Rena
“
Heh…deleng kae, ko pada weruh ora? Lawang mburi omah kosong kae ke bukak!!
Njero omah kosong iku bersih banget!!” semaure Yodi mbari nunjuk omah kosong.
“
Owalah…IYA Di!!!” Ujare Rena, Nita, Riski, Rasya, Amel, Angga, lan Imei
bareng-bareng mbari mlongo saking kagete.
“
Deneng bisa ya Di?” takone Riski.
“
Iya sapa sing mbersihi jal?” takone Angga.
“
Apa neng omah kue ana wonge sih?”takone Rasya.
“
Khayal yakin ko Ray arane be umah kosong ya langka wonge lah!!!” jawabe Imei
ngotot.
“Ya
bisa bae koh Mei!!”omonge Amel
“
Khayal yakin ko Mel arane be umah kosong ya langka wonge lah!!!”jawabe Rena
melu- melu Imei.
Yodi
kur bisa gedeg-gedeg ora percaya. Ora let sue bel sing ngo tanda kon
siswa-siswi pada mlebu kelas moni. Yodi karo batir-batire pada mlebu kelas.
Yodi karo batir-batire pada njagong ning panggonane dewek-dewek. Eh…..jebule
jam pelajareane Ibu Enik kosong. Ibu Enik jere ora mulang amarga ana urusan
penting. Dadi Yodi lan batir-batire bisa pada ngrumpi.
“
Eh… batir-batir ko pada penasaran ora sih? Karo misteri omah kosong sing aneh
bin ajaib kae?” takone Yodi maring batir-batire.
“
IYA” jawabe batir-batire Yodi kompak.
“
Aneh banget yah masa omah kosong bisa njerone bersih banget kaya kae?” takone
Yodi maning.
“
Iya, mbok ning njabane tah kotor banget.”
ujare Rasya.
“
Akeh lumute,” ujare Amel.
“
Akeh ramate,” ujare Nita
“
Akeh coretane,” ujare Rena lan Imei bareng-bareng.
“Ayuh
pada mbuktikna apa omah kosong kae ana wonge apa ora? Trus bener akeh demite
apa ora? Masalahe nyong sing umahe perek karo umah kosong kuwi ora pernah di
weruhi apa-apa. Ko dasare pada penarasan
mbok?” takone Yodi.
“
Iya, berarti dewek pada kaya detektif cilik kaya neng TV sing ngungkap misteri
omah kosong? Takone Riski.
“
KEREN” ujare Angga mbari ngedengi jempol.
“
KEREN!!! apane sing keren, aku tah ora melu wegah,…WEDI!!” ujare Rasya mbari
keweden.
“
Lah Rasya kecing nemen.” ujare Amel ngledek.
“
Iya masa kalah karo bocah wadon ?” nyong kambi Rena be wani koh yoh Ren?”
takone Imei.
“
Iya huh lah!!! CEMEN!!!
“
Heh…. Wis-wis melasi Rasya.” Ujare Yodi nengahi. Tapi ko Ray ko kudu melu sebabe
ko duwe batre sing gede mbok? Trus batrene ko sing arep ngo padang-padang
mengko angger maring omah kosong. Pokoke ko kudu melu. Mengko mbok malem Jum’at
Keliwon? kie wektu sing paling apik ngo mbuktikna omah kosong kuwi ana demite
apa ora. Mengko kumpule neng gone nyong jam 10 mbengi.”
“
OKEH ” jawabe batir-batire Yodi kompak, kur Rasya tok sing kayong ora semangat.
Bel
ngo balik wis moni, Yodi karo batir-batire pada bali neng umahe dewek-dewek.
“
Assalamu’alaikum.” omogne Yodi sakwise butul ngumah.
“Wangalaikumsalam.”
jawabe Ibu
“
Ibu mboten kerja ngih? takone Yodi.
“
Iya,gagian ganti klambi trus madhang.”
“
Inggih Bu.”
Sakwise
Yodi madhang Yodi banjur takon maring Ibu soal omah kosong.
“
Bu, kula badhe taken. Angsal napa mboten?”
“
Olih, arep takon apa sih le?”
“
Bu apa rika ngertos asal-usule omah
kosong sing angker kae?”
“
Ngo ngapa toh le takon-takon omah kosong?”
“
Yodi pengin ngertos Bu!”
“
Lah, ora susah ngerti ngo ngapa!!
“
Bu lah critakna , Bu lah….”
“Ya
wis …
10
tahu kepungkur ana pasagan muda-mudi sugih sing manggoni umah iku. Bojone lagi
ngandut, sawijining dina lanange ngaawa wadon liya marang umahe. Banjur lanange
selingkuh karo wadon mau. Bojone weruh lan kesuh marang lanange karo wong wadon
mau. Akhire wong wadon sing lagi ngandut mau mateni lanange karo wadon
selingkuhane. Banjur deweke uga mati bunuh diri. Omah iku banjur kosong langka
sing manggoni. Amarga akeh sing mati neng omah kue, omah kosong iku banjur dadi
angker. Kur kue tok sing ibu ngerti jere eyangmu biyen. Dadi nganti butul siki langka
wong sijia sing gelem mlebu marang omah kosong iku.”
“
Oh..matur suwun Bu ngo penjelasane.”
Wis
jam 10 mbengi tapi batir-batire Yodi urung maring omahe Yodi. Yodi wis nunggoni
kawit mau. Ora let sue ibune Yodi nyeluki Yodi.
“
Yodi…Di…Yodi!! Kaeh ana batirmu.”
“
Inggih , Bu.”
“
Ayuh Di wis siap urung?” takone batir-batire Yodi.”
“
Wis siap kawit mau.”
“
Arep maring ngendi sih Di? takone Ibu Yodi.
“
Badhe dolan, Bu!.”
“
Baline aja kewengen le.”
“
Inggih, Bu.”
Yodi
lan batir-batire banjur lunga maring omah kosong mau. Neng tengah dalan sing arep
maring omah kosong, Yodi nyritakna asal-usul omah kosong sing Yodi ngerti
sekang ibune.
“
Eh… bocah aku mau wis takon ibu asal-usule omah kosong. Saiki aku wis ngerti asal-usule
omah kosong kue bisane dadi angker.” ujare Yodi gawe batir-batire Yodi
penasaran.
“
Critakna Di!! ujare batir-batire Yodi.”
”10
tahu kepungkur ana pasagan muda-mudi sugih sing manggoni umah iku. Bojone lagi
ngandut, sawijining dina lanange ngaawa wadon liya marang umahe. Banjur lanange
selingkuh karo wadon mau. Bojone weruh lan kesuh marang lanange karo wong wadon
mau.Akhire wong wadon sing lagi ngandut mau mateni lanange karo wadon
selingkuhane. Banjur deweke uga mati bunuh diri. Omah iku banjur kosong langka
sing manggoni. Amarga akeh sing mati neng omah kue, omah kosong iku banjur dadi
angker.”
“
Medeni nemen Di, tragis nemen.” omonge Riski.
“
Eh nyong bali baelah.” omonge Rasya sing wis pucet.
“
Eeeehhh…wis tanggung Ray wis arep butul omah kosong.” jawabe Angga
“
Iya, Ray ko wani sih balik dewekan.” tantange Amel
“
Iya….ora wani lah, iya ko pada ngeterna nyong bali disit. Trus maring ngeneh
maning.” ujare Rasya egois.
“
Ya ngedap temen kon bolak-balik kur ngeterna ko tok.” ujare Riski mandan kesuh.
“Iya
miki dongen ora usah melu, angger wis butul njaluk bali tah!! ujare Imei.
“Iya,
Ray kader setan ora bakal mangan ikih, kader karo batir akeh ikih mlebu maring
omah kosonge ora usah wedi.” jawabe Rena.
“
Iya wis lah,” jawabe Rasya pasrah.
Ora
let sue Yodi karo batir-batire wis butul ngarep omah kosong. Hawa neng ngarep
omah kosong iku adem banget, sepi banget lan peteng dedet. Kayane amarga malem
iki malem Jum’at Keliwon mula omah sing nang pereke omah kosong mau wis sepi
banget lan lampu neng omah pereke omah kosong mau wis di pateni kabeh, Kayane wong-wong
sing manggon neng pereke omah kosong iku wis pada turu kabeh utawa wedi mbokan
di weruhi medhi neng omah kosong mau angger ora gagian turu amarga biasane
medhi neng omah kosong mau sering ndongol anger neng malem Jum’at Keliwon. Awale
lampu neng ngarep omah kosong mati tapi bareng Yodi karo batir-batire butul,
lampune dadi mati-murub dewek.
“
Eh…bocah deleng kaeh lampu neng omah kosong deneng mati-murub dewek???” ujare
Nita. Gawe kabeh pada wedi.
“
Paling anu lampune lagi konslet.” omonge Yodi gawe batire pada mari wedi.
“
Heeehhh,…hheeehhh…Ibuuu….Heeehhhh Ibuu…”
“
Suara apa miki? Ko pada krungu ora? takone Imei wis mrinding.
“
Iya, suara bocah cilik lagi nangis,” jawabe Rena. Gawe kabeh batire pada wedi
maning.
“
Iya, nyong be krungu.” jawabe Amel.
“
Kueh, mbok genah omah kosong kie angker. Wis ana buktine. Ayuh pada bali bae.”
ujare Rasya ngajak bali batire.
“
Eh,..aja giti bali. Lamonsih miki suarane bocah sing manggon omah iki.” omonge
Yodi
“
Iya, nyongge esih penasaran koh, angger urung mlebu maring omah iki.” omonge
Angga.
Giti-giti
jendela omah kosong iku kebukak lan nutup dewek.
“
Jebreedd…”
Gawe
kabeh bocah kaget
“
Kie ana apa maning, deneng jendelane mukak nutup dewek?” takone Imei.
“
Iya,….Ayuh gagian mlayu. omonge batir-batire Yodi. Lan pada arep mlayu bali
kabeh kejaba Yodi. Yodi banjur nomong ngaring batir-batire seurunge batire
mlayu bali.
“
Eh,,, mengko batir-batir, aja giti bali. Percuma maring ngeneh ora mbukak
lawange acan. Ayuh pada mbukak lawange disit angger bener ana demite, ya dewek
langsung mlayu.” omonge Yodi teyeng gawe batir-batire kon aja bali disit.”
“
IYA KENALAH.” omonge batir-batire Yodi.
Yodi
karo batir-batire banjur mereki lawang omah kosong mau. Tapi malah pada
jorog-jorogan, langka sing gelem neng ngarep.
“Ko
ngarep Nga lah,” ujare Nita, mbari njorogna Angga maring ngarep lawang omah
kosong.
“
Ya, Riski bae koh,” jawabe Angga, mbari njorogna Riski maring ngarep lawang
omah kosong.
“
Amel bae,” jawabe Riski, mbari njorogna Amel maring ngarep lawang omah kosong.
“
Imei bae,” jawabe Amel, mbari njorogna Imei maring ngarep lawang omah kosong.
“
Rasya bae lah.” Jawabe Imei mbari njorogna Rasya maring ngarep lawang omah
kosong.
“
Hih…emoh aku ge sing paling kecing koh.”
omonge Rasya mbari ngandeng tangane Yodi.
“
Rasya lah ora usah ngandeng tangane nyong. Wis-wis batir-batir aku sing neng
ngarep”. omonge Yodi bijaksana. Yodi banjur mbukak lawang omah kosong
alon-alon.
“
Krekettt..,,…”
Yodi
karo batir-batir pada mlongo sak amban-amban karo pada ndledeg. Rasya malah wis
ngompol. Yodi karo batir-batire arep mlayu sebanter-bantere, tapi malah sikile
kaku lan ora bisa obah amarga banget wedine. Yodi karo batir-batire weruh medi
akeh banget. Ana kakek cangkul, nenek gayung, kunthi lan tuyul. Kabean pada
njerit sak poret-porete.
“
HUUUAAAHHHHH….SE,…SSSEE …TTTAANNNN!!!!!!!!”
Tapi
lampu ning umah kosong banjur murub.Kunti mau merek
“
Tulung….Biyungee… Aaaana KKK…UUU…NNN…TTT….III…” Rasya wis arep semaput kambi nangis. Katoke Rasya wis teles ndeng
ompole dewek.Tapi batir-batire Rasya wis ngerti sing di sangka kunti mau iku
jebule Bu Enik, Mula kabeh pada nguyoni Rasya.
“
Heh, Rasya kie Bu Enik udu kunti.”omonge Bu Enik mbari merek Rasya kon Rasya
ngerti.
“
Hah..Eh ..Oh iya ,” jawabe Rasya kisinen.
Jebule
sing di sangka kunti mau Bu Enik sing nganggo klambi putih lan lagi maskeran,
sing di sangka kakek cangkul kambi nenek gayung jebule eyang kakung lan eyang putrine
Bu Enik, sing di sangka tuyul jebule anake Bu Enik sing esih cilik lan gundul.
“
Wengi-wengi pada maring ngeneh arep ngapa bocah? Ayuh pada mlebu.” omonge Bu
Enik.
“
Bu Enik nyuwun sewu, iki daleme Ibu? Ujare kula lan rencang-rencang kula dalem
niki mboten wonten tiyange lan angker.. Masalahe kula lan rencang-recang kula sampun mriksani lawang
neng wingking dalem niki kebukak wingi lan nang jero dalem niki sing di sangka
kosong bersih sanget. Mula kula lan rencang-rencang kula penasaran. Kula lan
rencang-rencang kula dhateng wonten
dalem niki badhe mestekna dalem
niki wonten tiyange napa mboten lan bener angker napa mboten.” omonge Yodi.
“
Oh..iya iki omahe eyang kakaung karo eyang putrine Ibu. Ko pada ngerti dewek
bisane omah iki di jenengi omah angker amarga wong-wong pada weruh eyang kakung
karo eyang putri sing wis tua. Ujare wong-wong eyang kakung karo eyang putri
iku medhi sing manggoni omah iki. Lan piwe deneng omah iki di jenengi omah
kosong amarga embahe Ibu ora tau metu-metu ngomah dadi wong-wong njenengi omah
iki omah kosong.Tus piwe deneng omah iki kotor banget amarga eyange ibu wis tua
ora bisa mbresihi umah lan resik-resik. Ibu neng kene pindahan anyar dadi ibu
manggon neng kene mbari ngo batir eyang sing wis tua.”
“Oh,..mengonoh
toh benere, sing ngresiki dalem iki
wingi berarti Bu Enik?”
“Iya.”
“
Tapi bu jare ibuku asal-usule omah kosong iki bisane angker iku 10 tahu
kepungkur ana pasagan muda-mudi sugih sing manggoni omah iki. Bojone lagi
ngandut, sawijining dina lanange ngaawa wadon liya marang omahe. Banjur lanange
selingkuh karo wadon mau. Bojone weruh lan kesuh marang lanange karo wong wadon
mau.Akhire wong wadon sing lagi ngandut mau mateni lanange karo wadon
selingkuhane. Banjur deweke uga mati bunuh diri. Omah iku banjur kosong langka
sing manggoni. Amarga akeh sing mati neng omah kue, omah kosong iku banjur dadi
angker. Crita iku jere ibu ngertos saking eyang kula.”
“
Oh, iya crita mau iku kur ngo medeni Ibumu Yodi, kon aja dolan maring umah iki maning
amarga ganu ibumu lagi cilike sering dolan maring ngeneh ora emut wektu. Dadi
Eyangmu crita kaya kue maring ibumu kur ngomedeni ibumu tok. Bu Enik ngerti
Ibumu ganu cilike sering maring ngeneh jere eyange Ibu.”
“
Oh,…kaya kue crita sing benere!!!” omonge Yodi karo batir-batire mbari mangut-manggut wis ngerti.
“
Trus kepripun lampu ing daleme Ibu mati-murub? “Takone Rasya esih penasaran.
“Oh
iku amarga lampune lagi konslet urung di dandani.” jawabe Bu Enik.
“
Trus mau wonten suaran lare sing saweg nangis? Tus jendela ing daleme Ibu
mbukak-nutup dewek.”Takone Rasya esih penasaran.
“
Oh, iku suarane anake ibu miki lagi namgis.” Trus jendelane bisa mbukak-nutup
dewek anu jendelane wis bodol dadi angger ana barat cokan mbukak-nutup dewek.”
omonge Bu Enik.
Kabean
banjur nguyu ngaklak-ngaklak sawise ngerti asal-usul umah kosong sing bener.
Yodi karo batir-batire seneng banget bisa mbukak MISTERI UMAH KOSONG sing
taun-taunan dadi misteri ing desane.
TAMAT
0 komentar:
Posting Komentar